-->

HIMA JAWA SLIDE

  • PROFIL HIMPUNAN MAHASISWA JAWA

    Lembaga kemahasiswaan Himpunan Mahasiswa Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang. Semarang, 7 Maret 2008.

  • KEGIATAN-KEGIATAN

    Hima BSJ bersifat demokratis, kekeluargaan, aktif, kreatif, inovatif, relijius, edukatif, dan rekonstruktif.

  • GALERY FOTO

    Galeri foto-foto kegiatan Hima Jawa

  • title of entry 4

    Mewujudkan terciptanya Mahasiswa Bahasa dan Sastra Jawa sebagai mahasiswa relijius, intelektual, humanis dan berbudaya.

  • title of entry 5

    Hima BSJ bertempat di Gedung PKM (Pusat Kegiatan Mahasiswa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang.

Selasa, 10 Februari 2009

KETENTUAN LOMBA GEGURITAN TINGKAT SMP/MTS SE-JAWA TENGAH


A. Pelaksanaan
1. Peserta lomba adalah siswa SMP/MTs se-Jawa Tengah.
2. Setiap sekolah mengirimkan maksimal 2 (dua) orang peserta. Satu sekolah satu pendamping.
3. Kontribusi setiap peserta Rp.40.000,00.
4. Peserta harus sudah hadir 30 menit sebelum acara dimulai untuk melakukan daftar ulang dan mengambil nomor urut dengan menunjukkan bukti pendaftaran/bukti penyetoran (jika melakukan pembayaran melalui bank).


5. Peseta wajib mengikuti upacara pembukaan lomba.
6. Lomba akan dilaksanakan pada :
hari, tanggal : Minggu, 22 Februari 2009
waktu : pukul 07.00 s.d. selesai
tempat : gedung bundar Dekanat Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Semarang
7. Lomba terdiri atas dua tahap, yaitu semua peserta harus membacakan salah satu geguritan wajib dalam babak penyisihan, dan bagi peserta yang masuk babak final, harus membacakan satu geguritan pilihan yang telah disediakan panitia dalam babak final.
8. Pakaian peserta:
Seragam sekolah masing-masing
9. Peserta yang dipanggil sebanyak tiga kali, tetapi tidak menampilkan diri tanpa keterangan yang jelas dianggap gugur.
10. Peserta tidak dipebolehkan menggunakan pengeras suara dan musik pengiring dalam bentuk apapun saat membacakan geguritan.
11. Geguritan yang disediakan panitia (karya Turiyo Ragilputra):
geguritan wajib : Donga Bocah Piatu
Tangise Anak-anak Jaman
Aku Nglukis ing Sayuta Langit
Rembulan
Layang
geguritan pilihan : Manuk Podhang, Anakmu Pira?
Bocah, Takona marang Gustimu
Kidhung Kamardikan
Bu Nyai
B. Penilaian
1. Kriteria penilaian lomba
* vokal
* penjiwaan
* penampilan
2. Hasil penilaian juri akan disampaikan pada akhir lomba.
3. Setiap peserta berhak mendapatkan sertifikat.
4. Panitia menyediakan piala, piagam penghargaan, dan uang pembinaan bagi juara I sebesar Rp. 750.000, juara II sebesar Rp. 600.000, dan juara III sebesar Rp. 500.000.
C. Pendaftaran
1. Pendaftaran peserta mulai tanggal 1 Desember 2008 - 12 Februari 2009 pukul 08.00 – 14.00 WIB.
2. Pendaftaran dapat dilakukan di :
a. Sekretariat Hima BSJ, gedung PKM FBS Unnes.
Contact Person Tri Setiaji (085645948189 atau 085225214965)
b. Bank Jateng, cab. Kendal, no. rekening 2-018-01275-1 atas nama Elok Wahyuni, dan jika sudah mendaftar via rekening harap segera menghubungi Ihda Faradisa ( 085727003739)
3. Bukti penyetoran uang pendaftaran harus dibawa saat daftar ulang lomba.



GEGURITAN WAJIB

Donga Bocah Piatu
- Turiyo Ragilputra -
Gusti, durung kober dakrukti jisime ibu
sing mati kaliren ing pinggir dalan
mati kaku marga ngrungkebi sesantine tembang kamakmuran
“Iki jaman mardika. pembangunan ginelar kanggo kamulyan para kawula”
(nanging apa urip cukup wareg mangan sesorah
sedheng para pepriman isih pating slarah)
gusti, upama aku entuk blaka
wiwit wingi weteng iki durung klebon sega
senajan ujaring kandha kita iki wis mardika
pembangunan dadi program kapisan, kemakmuran
janji manis saka kabeh pengendhali lis peprentahan
“nanging apa cukup manungsa mung urip karo janji
sedheng kacintrakan tansah mbujung urip iki?”
Gusti, najan wis dakgawa kabeh sanggan panandhang
Menyang endi kudu nglabuhake kesurange nasib
Kamakmuran iki panggah angel diranggeh
Sagagang kembang cempaka uga wis kadhung alum
Sadurunge kober daksawurake ing makame ibu
Sing dadi kurban atas nasib sapait rempelu





Tangise Anak-anak Jaman
- Turiyo Ragilputra -
Pirengna bareng lakune angin, swara gadhuh ngebaki langit
sawise mataun-taun kali kasatan banyu
lemah bengkah kasatan embun, lan jingglang purnama
kelangan gumyak bocah gojegan
O, ing kene wis maabad watu-watu gumlundhung sadawane wengin
nggawa geni kamurkan kesumat maut; paprangan!
Bumi tinindhih wit-witan ambruk
bleduge sumawur ngurugi swarga
Suprandene marang sapa kudu tetambuh
atas kepribaden sing ginadhe tangan mungsuh
Iki jaman tangise anak-anak piatu
jaman runtuhe eluh kacintakan kaum ibu
kembang luruh luntur lentrih
penyair bisu. Tangan kelu koncatan tasbih
musna regane muksa sukmane
Lan guritan kepayahan
ilang wujud
absurd!
Bosnia! Bosnia!
Ing endi papan kanggo ndhedher rasa asih
muji Allah kanthi ati wening pangucap fasih
sakliyane paprangan! Pirengna ing kalbumu
marang sapa bayi-bayi bakal necep banyu susu
marang sapa bocah-bocah takon kubure ibu
sadawane dalan, o, getih tumetes angganda wangi
tilase subur klanggo ndhedher tanduran mlathi
Pirengna, sepisan maneh, pirengna
sumiyut angin ing mangsa gugur
tintrime landhep samata pedhang
panglima perang sahabat Anshar
Ya, ya, Tsabit al Haq ing kene. Jiwane goncang
Labuh agama luput anggrayang
surban-surban putih kumampul ing kali Yordhan
binalang bathang kaum Israel!



Aku Nglukis ing Sayuta Langit
~ Turiyo Ragilputra ~
Delengen aku nglukis ing sayuta langit
kebak warna abang sing cinipta saka getih jaman luput ngandhut
banjur nindakake aborsi kanthi nguntal pil lintang
guguran getihe dakwadhahi genthong angen-angen kagelan
dene kuwase dakcipta nganggo rambut gunung njeblug
lan warna-warna endah liyane cinipta saka pecahan raga
nasib para glandhangan sing kasingkir merga impen
para pamuja patung adipura
O, Kadang-kadangku sing ora nate bosen nyawang lukisan
delengen lukisanku ing sayuta langit kae
kebak akrilik mata nangis, tangan nyadhong, lan sandhangan
Pating sranthil!
warna-warnane banget naturalis awit dumadi saka nyawa-nyawa
sing pecat tanpa dosa



Rembulan
~ Turiyo Ragilputra ~
Rembulan ing dhadha langit kae
rambute nglawer tekan dhadhaku
apa sliramu ngerti rembulan liyane
si tangan alus sing banget wasis ngracik jamu?
anggur, kencur, apadene bratawali
pupur, gincu, lan esem panjiret ati
apa kudu dituku ing lokalisasi
dipondhong cara putri dililing kaya bayi
kangmangka prauku isih sendhen ing dermagamu, sri?
upama kudu digadhe pira tebusane
yen dituku pira regane
bakal daksembadani waton dudu wujud bandha donya
rerangken lamaran ora nganggo raja brana
tumuruna, tumuruna
dimen rembulan kae gelem leledhang ing taman
selagine aku isih kongang nyipta guritan
rembulan kekalang ing njero dhadha
sunare nyipta esem sadawane mangsa



Layang
~ Turiyo Ragilputra ~
Layang abang sing daktampa ngepasi bedhug ndrandhang
dudu saka rohmayati, erna, zaenatul, utawa endang
layang sing daktampa nalika aku ngadeg ing ngarep lawang
kakirim kanthi kilat nggawa ati mlerah kebranang
“Endi janjimu, Riyo?” mangkono unine ukara pambuka
aku njegreg kamitenggengen kaya tugu sela
“ngaku panggurit ukarane kaya pisuhe buta alengka
apa ora mboktiteni silir resep sing digawa samirana?”
Layang abang layang saka kadang
rasane sumringah kaya jamu cabe lempuyang
swarane ngumandhang kaya cumengklinge bonang
“aja lali kekudanganku, anak lanang”
layang abang saiki sumimpen ing njero ati
kareben dadi bengawan sing banyune terus mili



GEGURITAN PILIHAN
Bu Nyai
- Turiyo Ragilputra -
Bu Nyai, rambutmu dipotong poni
kojahmu, beda biyen beda saiki
dhuh, apa kersa sampeyan
mbukani dina-dina nganggo cangkriman?
Senajan wis dadi ombyaking jaman
panggedhe kulina nampa bestelan
nanging apa mesthi kudu ngono, Bu Nyai?
Lho, coba sampeyan resepi ocehe kepodhang kae
“Jawa tanpa jiwa jawane jawa wisa
Jawa tanpa waja jawane jawa ula
Jawa tanpa jawa jawane jawa buta”
Mesthine, ngono ya ngono ning aja ngono
aja disengguh kawula isih kaya kebo
Bu Nyai, ujare bakul sinambi wara
jengandika duwe aji pamungkas aran lebur sekethi
ampuhe kagila-kagila sektine kepati-pati
Saiki coba sampeyan buktekna
galo kae, langit sandhuwure negara katon malengkung
cahya abang panjalmane dewa durangkara
kahanan peteng kapusus pedhut sandyakala
aja pijer mematut dhiri, mingar-minger sangarep kaca
banjur nglencer ing omahe tangga
Bu Nyai
tanduran pari ing karang padesan
gusis direncah gegremetan lan siluman
jrambah paseban ing punjering negara
dadi papan pesta para buta brekasakan
Kepiye Bu Nyai, apa wis pedhot iku kendhali
sing diulur nalika biyen ngripta sesanti?
Bu Nyai, kahanan wis kabesmi dahana
lha jengandika kok enak-enak ngepung ambeng negara!



Manuk Podhang, Anakmu Pira?
-Turiyo Ragilputra-
ana kembang kasamber angin, gandane arum mangambar
wit waluh ilang pupuse oyod ringin dipangan uler
(parikan apa, ya kang?
embuh, ya dhi
batangane apa, ya yung?
embuh, ya wuk)
Paman Dhoblang:
akeh luwak namur
merak
akeh kecu memba ratu
jagad padhang
_____ wayang
pak dhalang
_____kejengkang
lara, kaki?
mesthi lara. Ning tangise aja kedawa-dawa
mbah buyut keranta-ranta. Galo gae:
gugah tanjak
(lho kok?)
: mumpung kepenak!
(lho kok?)
: mumpung disanak
(lho kok?)
: lho kok?
Ups; tukang satang tiba ing kali
biyen kondhang saiki sepi
akh; tuku pala kok diwenehi kencur?
biyen watak satriya kok saiki mlencur?
(sikon, pakdhe
_____ mbelgedhes!
pergeseran tradhisi, paman
___prek!
wis makmur, mbah
___ora ngadani!
hompilah hompi-jreng
+sapa menang?
–aku!
+mungsuhmu?
-dadi awu!)
manuk podhang, jaman Jepang
wong mini dadi ratu
: ocehe tansah ngumandhang
Anakmu pira? (pitulungpuluh pitu!)



Bocah, Takona marang Gustimu
-Turiyo Ragilputra-
Paran tangise bumi lanang
kuwagang nigas lakune angin mangsakala
o, iki janjine si bakul jambe, satriya papa saka tanah suci
ngulandara ing bumi ijo, papan reratone para dewa
nggelar sajadah sutra putih
drijine manjilma tasbih
Ya Malikul Kudus Assalam
iki takhmid purba. Jinilma saka wantering gegayuhan
kaya manggala munggah tlundhakan
“ruh ayu jamas anggur
cecundhuk kenanga kuning”
“Ya, Tsabith al Haq ing kene. Prajurit para malaikat
bala santri mundhi pedhang
tembang para Syuhada
manjalma Ruh Nabi”
Ya, iku papan bali
kaum ‘Ad lan kaum Irami
(nanging kala mangsane Irak nyebar eri
aja tetambuh marang kawicaksanan
awit sunar srengenge tansah njunjung jejibahan)
“Iki dudu jaman dedongengan lan gegojegan.”Ya, dudu
jantrane para khalifah nembang katentreman
iki jaman kawicaksanan kaencik syetan
mula bocah, takona marang gustimu. Aja takon marang angin
papan pungkasan kembang-kembang titip pitakonan
Tlatah Kuwait, swarga tumrap para ulama
kraton tumrap para Syuhada, palereman tumrap
para kalifah, o, tegakna ajur kalindhes roda angkara
awit sejatine apa sing bisa. Saliyane nyebar pitakonan
tetambuh paran dununge kautaman
Ah, jarna Saddam Hussein kasurupan
ayo nembang berjanji, lelipure para widodari
Rosul lan Nabi
Kaum ‘Ad kaum Irami
:
allahumma ya robbana



Kidung Kamardhikan
-Turiyo Ragilputra-
Teja mencorong, o, teja mencorong
cumlorot ngelus pucuk-pucuk gunung lan gisik-gisik samodra
nigas kaca cendhela, nrabas lemah cengkar lan ara-ara
Jroning jiwa – bangkit – tumanceb ing bumi kinasih
nyawiji bareng swara pratelane Soekarno-Hatta
: Merdeka!
Manuk prenjak ngoceh
canthas lan gandhang!
Kembang-kembang mekar
arum lan endah!
Dumeling kidung puja lan pamuji
nguntabake jiwa lan ruh
njejegake pancadan donga-donga
dalan unggahan tumrap ngumbarane kusuma bangsa
Nanging pratandha apa iki?
langit nangis, jagad kelu
ing angkasa srengenge kamangsa grahana
Lemah geter, bumi pater, s’modra ketaman prahara
ana lindhu
ana lemah longsor
ana pageblug
ana wangke mbarang amuk
Ah, kaelakon apa iki?
perang?
gara-gara?
Kiyamat?
utawa pemut???
Ya, iki pemut
awit saka kaca cendhela sing binuka kita weruh
Manungsa kang tumindak mung nganggo lambene
Manungsa kang asih mung nganggo ilate
Manungsa kang krungu mung nganggo kupinge
Manungsa kang welas mung nganggo critane
Manungsa kang aweh mung nganggo janjine
Manungsa kang tirakat mung nganggo lageyane
Ana manuk gagak mabur
kekalang nyilang arah keblat
ijenan dheweke nantang arah tiyupan angin!
Ya Allah, mripate pendirangan
ganep karo cucuke kang landhep
lan cengkreman kukune
kaya bakal nglebur bumi kinasih
Ya Allah, pralambang apa iki?
Ah, ya, kita pancen wis mardika
nanging waspadakna
bocah lanang sing nigas dalan kae
sing mikul damen garing kae
mripate, oh, mripate
kudu netesake eluh kanggo ngucap
: M...e...r...d...e...k...a...!
Para among tani sing mikul pacul kae
sing gupak lumut lan lendhut kae
wetenge, oh, wetenge
kudu kecet lawan geger kanggo ngucap
: M...e...r...d...e...k...a...!
Bocah lola sing ngumbara ing lurung-lurung kae
sing tanpa juntrung upa jiwane kae
badane, oh, badane
kudu nglumpruk kanggo ngucap
: M...e...r...d...e...k...a...!
Ya Allah
aling-alingana jantrane titah-titah sing kasisih
sing tapak lan tilase ilang kasaput lebu
bumi kinasih iki
Sing ilang saka gumruhe surak :
Merdeka!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar